Friday, June 09, 2006

Mantra Purwaka

Bismillahi 'r-Rahmaani 'r-Rahiim

Niyatingsun murwakani angeblog
Blog-blogan melu hangeblog
Supaya hangilangi ing gegoblog

Blog.., blog.., blog...!
Mantraning wong kang angeblog
Cemethiku pikir kang gegaran nalar
Tetamengan rasaning urip
Yaiku rasa jatining kamanungsan
Yaiku rasaning kamanungsan jati
Sajatining rasa ya kang katelah rasa jati

Blog.., blog.., blog...!
Mantraning wong kang angeblog
Sun sabetake cemethining nalar
Hangenani ing pucuking gunung goblog
Yekti ajur sawalang-walang
Saking karsaning Allah
Yaiku Gusti kang murwakani kahanan
Yaiku sajatining kahanan ya kahanan jati
Sakehing goblog lebur luluh
Saking karsaning Dzat

Laa ilaaha illallaah
Muhammadurrasuulullaah....

2 comments:

coDOT said...

iki arep nggawe blog, kok pake jupa-japu kek mo kek orang kendurian =))=))

mbakanggun said...

Ummm,... tadi iseng ngelink blog ini dari blognya Burung,... kok ada mantranya, ya? Hm,...